Panduan Teks Khutbah Idul Fitri 1447 H / 2026 dalam Bahasa Jawa
Khutbah Idul Fitri adalah bagian penting dari perayaan hari raya umat Muslim. Di momen ini, para khatib diharapkan mampu menyampaikan pesan-pesan yang penuh makna dan menginspirasi jemaah. Berikut ini adalah contoh teks khutbah Idul Fitri 1447 H / 2026 dalam bahasa Jawa yang bisa menjadi referensi bagi para khatib.
1. Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Riyadine Wong Syukur lan Sabar
Khutbah I:
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ وَفَّقَنَا ِلإِتْمَامِ شَهْرِ رَمَضَانَ وَأَعَانَناَ عَلىَ الصِّيَامِ وَالْقِيَامِ وَجَعَلَنَا خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ للِنَّاسِ. نَحْمَدُهُ عَلَى تَوْفِيْقِهِ وَهِدَايَتِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ النَّبِيِّيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ
Hadirin Jamaah Idul Fitri ingkang minulyo
Monggo kito sareng-sareng ningkatake raos takwo dumateng Gusti Allah kanti ngelampahi perintahipun lan nebihi awisanipun supados pikantuk kabegjan dunyo akhirat. Wonten injang meniko kito sedoyo keluberan bahagio lan kaberkahan kranten dinten meniko waosan takbir tahmid dikumandangaken wonten daerah pundi kimawon.
Dinten ingkang dipun wastani idul fitri meniko dintene bebungah, lan dinten makempale sedoyo umat Islam sami ngaturake pengapura. Kahanan meniko kedah dibarengi raos syukur dumateng Gusti Allah amargi paring kito saget kepanggih tiyang sepah, sederek, tetanggi, manah jembar lan welas asih antawis sedulur muslim.
Gusti Allah dawuh:
وَإِن تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (النحل: ١٨)
Artosipun: Lamun siro kabeh arep ngitung nikmate Allah, mongko siro kabeh ora bakal iso ngitung, saktemene Gusti Allah iku dzat pengapuro tur welas asih.
Peparing arupi iman, islam, paseduluran, guyub, rukun lan tulung-tinulung meniko setengah saking nikmat agung ingkang sering kito laliaken. Sejatine nikmat kasebat niku kedah disyukuri kanti tindak lampah ingkang sae, ngabekti dumateng perintah Gusti Allah lan dawuh Rasulullah.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Poso Ramadhan ngelatih kito supados dados tiyang ingkang syukur lan sabar; Syukur saget ngeraosaken nikmate buko poso nalikane dumugi maghrib; Sabar saget ngeker dahar nginum, serto sedoyo perkawis ingkang saget mbatalake poso. Sabar meniko sampun disebataken wonten surat Al-Baqarah ayat 153:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
Artosipun: Hei wongkang podo iman, amrih pitulungo siro kabeh (dumateng Gusti Allah) kelawan sifat sabar lan shalat, saktemene Gusti Allah sertane wongkang podo sabar.
Ayat meniko negesaken bilih wongkang podo iman dipun printah nyuwun pitulung Gusti Allah supados diparingi sifat sabar ingatase nebihi pendamelan maksiat, duso, lan sedoyo cubo ingkang tumibo. Lan dipun paringi ajeg shalat amergi saget nyegah tindak lampah awon. Ringkese, tiyang ingkang ngelampahi sabar disarengi pitulunge Gusti Allah.
Lajeng ayat babakan syukur dipun sebataken wonten surat Luqman, ayat 12:
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ ۗوَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِيٌّ حَمِيْدٌ
Artosipun: Lan ingsun (Allah) wes paring ilmu hikmah maring Luqman, tegese, syukuro dumateng Gusti Allah, lan sopo wonge syukur dumateng Allah, mongko saktemene wong iku syukur maring awake dewe, lan sopo wonge ora syukur, mongko saktemene Gusti Allah iku dzat kang semugih tur pinuji.
Sebagian ulama tafsir nyebatake Ilmu hikmah ingkang diparingake dateng Luqman nggih meniko paham babakan agomo. Lajeng kedah dipun syukuri. Syukur artose ngelem, muji nikmate Gusti Allah.
اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Hadirin ingkang minulyo
Sifat syukur lan sabar dipun ngendikaaken Kanjeng Nabi wonten Sahih Muslim:
عَنْ عَبْدِ الرَّحْمَنِ بْنِ أَبِي لَيْلَى عَنْ صُهَيْبٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لِأَحَدٍ إِلَّا لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ
Artosipun: Saking Abdurrahman bin Abi Laila saking Suhaib, piyambake dawuh, Rasulullah ngendiko: Buh gawuk tenan marang perkarane wong mukmin, saktemene sekabehane perkarane wong mukmin iku apik lan ora onok wong liyo kang nduweni kejobo wong mukmin; naliko merkoleh kesenengan, mongko syukur lan iku apik tumrap piyambake; naliko ketimpo musibah, mongko sabar lan iku apik tumrap piyambake
Dinten ingkang kito lampahi sakmangken saget diwastani dinten riyadine tiyang ingkang syukur lan sabar, keranten tiyang ingkang angsal kesenengan arupi jembar rejekine lan tiyang ingkang susah mergo musibah dipun kempalake ingdalem tulung-tinulung, welas asih, sehinggo sedoyo sami muji, ngelem dumateng Gusti Allah.
Akhiripun, tiyang ingkang angsal kesenangan saget berbagi kaliyan tiyang ingkang susah mergo musibah lan saget ditulung kaliyan tiyang ingkang jembar rejeki lan manahipun. Saking meniko sabar lan syukur saget ditularaken kesaenane kagem sinten kimawon. Mugi kito kalebet kawulane Gusti Allah ingkang syukur lan sabar. Amiin.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . بسم الله الرحمن الرحيم يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
بَارَكَ الله ُلِيْ وَلَكُمْ فِيْ القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنيِ وَاِيّاَكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
Khutbah II:
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
اَللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ، اَللهُ أَكْبَرُ ، اَللهُ أَكْبَرُ ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ مَنَّ عَلَيْنَا بِهَذِهِ الصَّبِيْحَةِ الْمُبَارَكَةِ اللاَّمِعَةِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ ذِي اْلأَنْوَارِ السَّاطِعَةِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ الطَّاهِرِيْنَ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه . اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وأصْحَابِهِ وَمَنْ وَالَاهْ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ تَكُوْنُوْا عِنْدَهُ مِنَ الْمُفْلِحِيْنَ الْفَائِزِيْنَ. وَصَلُّوْا وَسَلِّمُوْا عَلىَ خَاتَمِ النَّبِيّيْنَ وَإِمَامِ الْمُتَّقِيْنَ ، فَقَدْ أَمَرَكُمْ بِذَلِكَ الرَّبُّ الْكَرِيْمُ فَقَالَ سُبْحَانَهُ قَوْلاً كَرِيْمًا: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا .وَاْعلَمُوْا يَا إِخْوَانِي رَحِمَكُمُ اللهَ أَنَّ يَوْمَكُمْ هَذَا يَوْمُ اْلعِيْدِ وَيَوْمُ اْلفَرَحِ وَالسُّرُوْرِ، فَاشْكُرُوا اللهَ تَعَالَى بِالتَّكْبِيْرِ وَالتَّهْلِيْلِ إِنَّهُ غَفُوْرٌ شَكُوْرٌ، فَقَالَ اللهَ تَعَالَى جَلَّ جَلاَلُهُ عَلِيْمًا، إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِى، يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى آَلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَتَابِعِى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلِى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ، وَاْلـمُسْلِمِيْنَ وَاْلـمُسْلِمَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَأُمَّتَنَا، وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا، وَفُقَهَاءَنَا وَمَشَايِخَنَا، صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا، وَاجْعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِيْنَ اَللَّهُمَّ نَصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ
اَللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلغَلاَءَ وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَاْلـمُنْكَرَ وَاْلبَغْىَ وَالسُّيُوْفَ اْلـمُخْتَلِفَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَةً وَمِنْ بُلْدَانِ اْلـمُسْلِمِيْنَ عَامَةً إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ
عِبَادَ الله. اِنَّ الله يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَ الْإِحْسَانِ وَ اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَ يَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَ الْمُنْكَرِ وَ الْبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَّكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا الله الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَ اشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَ لَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ وَ اللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ
2. Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Sapa iku Wong kang Menang ing Dina Riyaya?
Ramadhan telah berlalu, dan kini berganti dengan Syawal yang ditandai dengan Idul Fitri. Semua orang tentu menyambut suasana bahagia dan hari kemenangan ini. Namun, sejatinya kemenangan apakah yang kita dapatkan di momen Idul Fitri? Apakah kita juga termasuk yang mendapatkannya? Teks khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa ini berjudul “Sapa iku Wong kang Menang ing Dina Riyaya?” Untuk mengunduh dan mencetak naskah khutbah Idul Fitri ini dalam format PDF, silakan klik di kolom download. Semoga bermanfaat! (Redaksi).
Khutbah I:
اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ. اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيّاَهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ
Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah,
Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos mboten saget kita etung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi awak ingkang sehat lan ati kang bungah.Sebab dinten menika kita sami ngrayaake Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha rasa bungah.
Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala.
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun: “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (QS Al Baqarah: 197)
للهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah
Wonten ing Idul Fitri menika, ugi katah ingkang mastani kalian dinten kemenangan. Dipun wastani mekaten, sebab sak derengipun kita sedaya, sampun nindhaake ibadah pasa wajib ing wulan Ramadhan. Nalika pasa menika, kita ngeker sedaya perkawis ingkang mbatalke pasa. Mulai saking dhahar, ngunjuk, saha perkawis sanese ingkang saget batalke pasa, mulai wekdal shubuh ngantos maghrib.
Saksampunipun nglampahi ibadah pasa wajib ing wulan Ramadhan, mangka hasilipun kita bakal angsal ketakwaan marang Allah ta’ala. Kados dene dhawuhe Gusti Allah swt wonten ing surat Al Baqarah ayat 183 :
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Artosipun: “Wong-wong mukmin difardhuake poso. Koyo olehe poso mau difardhuake ingatase umat-umat sakdurunge (umat Nabi Muhammad Saw.) Supoyo (wong-wong mukmin) podho takwa marang Allah ta’ala.”
Takwa menika dados standar paling inggil kemuliaane menungsa. Inna akramakum ‘indallâhi atqâkum. Ing dalem pasa Ramadhan, takwa menika mboten saget dipun perkoleh, namung kelawan ngempet luwe lan ngelak. Nanging, ugi kanthi ngempet nglampahi perkawis awon, kados dene ngrasani, ngapusi, nglarani marang liyan, lan sanesipun. Rasulullah saw ugi nate paring pangandikan :
كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوعُ
Artosipun: “Akeh wong kang pasa, nanging ora entuk apa-apa saking pasane, kajaba rasa luwe,” (HR Imam Ahmad)
Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah, Kajaba kanggene tiyang ingkang pasa Ramadhan, tiyang takwa menika saget dipun titeni tanda-tandane. Wonten ing Al-Qur’an sampun dijelaske tanda-tandane tiyang ingkan takwa. Kados dene ing Surat Ali Imran:
الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَـــافِينَ عَنِ النَّــاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُـحْسِنِــينَ
Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah, Ayat menika nerangake tiga sifat wong kang takwa. Pertama, yaiku tiyang kang padha nafkahke bandane ing dalan taat marang Gusti Allah. Ing dalem wektu gampang lan angel. Utawi nalika keadaan seneng utawi susah, piyambake saget tetep istiqamah.
Tiyang ingkang takwa, mesti mboten bakal mikirke awake dewe, ananing ugi keluargane, tangga tepalih, ugi dhateng sinten mbutuhke pitulungan, langkung-langkung dhateng tiyang fakir miskin. Nalika Ramadhan lan Idul Fitri, sifate tiyang ingkang takwa ingkang pertama menika dipun wujudaken, paling mboten kelawan kita ngedalake zakat fitrah.
Tandane wong kang takwa, ingkang nomer kalih, inggih punika saget ngempet muring-muring. Nesu utawi muring-muring sejatosipun perkara ingkang manusiawi. Ananging kagem tiyang ingkang takwa, piyambak











